Asal usul Kesenian Barong Masyarakat Kemiren BANYUWANGI
masyarakat Kemiren, Kecamatan Glagah, Banyuwangi, Barong salah sawijining bagean saka masyarakate kang penting banget. Minangka generasi muda, kita Ing kudu bangga amarga ing tengah globalisasi masyarakat kemiren isih tresna marang kesenian kang dadi warisan saka turun temurun. Barong wujude kaya kewan kang radak nyeremake. Mata metu lan gedhe, lambe amba, lan ana mahkota ing sirahe. Saben ana kagiatan ing desane, wong-wong padha ndelok amarga mesti ana barong. Ing kene, akeh wong sing ngandharake mula bukane kesenian barong iku beda-beda. Miturut Hasnan Singodimayan salah sawijining budayawan ing Kutha Banyuwangi ngandharake yen Barong iku saka kesenian rakyat kemiren, ing rakyat kemiren zaman mbiyen ana salah sawijining pawongan wadon kang ayu rupane jenenge Ja’rifah. Dheweke mesti dijaga karo kewan kang awake kedhe lan wajahe ala kang diarani barong. “Barong ngabdi banget marang Ja’rifah” saengga bisa dianggep simbol kepahlawanan. Yen miturut Dhalang Kidung ngandharake yen kesenia...