Bacaan Syi'ir Tanpo Waton - Syi'iran Jowo KH Abdurrahman Wachid (Gus Dur)
pribumijawa.blogspot.com Bacaan Syi'ir Tanpo Waton Syi'ir Tanpo Waton al-magfurlah KH Abdurrahman Wachid (Gus Dur) astaghfirullah robal baroya astaghfirullah minal khotoya rabbi zidni ilman nafia wawafiqni amalan sholihan Ya rasulalla salamun alaik ya rafi asyani waddaraji atwatayyaji ratalalami ya uhai laljuu diwal karami 2x ngawiti ingsun nglarar syiiran kelawan muji maring pengeran kang paring rohmat lan kenikmatan rino wengine tanpa pidungan 2x duh bolo konco priyo wanito ojo mung ngaji syareat bloko gur pinter dongeng nulis lan moco tembe burine bakal sangsoro 2x akeh kang apal quran hadise seneng ngafirke marang liyane kafire dewe dak digatekke yen isih kotor ati akale 2x gampang kabujuk nafsu angkoro ing pepahese gebyare dunyo iri lan meri sugihe tonggo mulo atine peteng lan nisto 2x ayo sedulur jo ngelaleake wajibe ngaji sak pranatane nggo ngandelake iman tauhide baguse sangu mulyo matine 2x kang aran sholeh baguse atine kerono mapan sari ngelmune laku thoriq...